ADIGANG ADIGUNG ADIGUNA #2 (rampung)

Adigang mawa pralambang kewan sing diarani kidang utawa menjangan lan sabangsane. Kidang lan sabangsane duwe kabisan mlayu cukat ngluwihi kewan liyane. Kabisane kidang iki kang disilih minangka pasemon tumrap manungsa kang watake ngendelake kebat lumpate; ngedir-edirake anggone rosa, cukat-trengginas kuwat mlayu adoh.

Manungsa kang duwe kekuwatan, duwe wewenang, lan duwe kadigdayan, adhakan banjur suda kaprayitnane, gampang kena godha manekawarna.

Manungsa sing duwe jabatan, senajan mung minangka ketua RT, sing bokmenawa mung mengkoni sepuluh KK, yen ora tansah waspada, bakal bisa kampiran godha. Nganti bisa tegel tumindak ora adil. Pilih kasih. Abot sesisih. Mung gelem mbantu marang warga sing tekane nggawa cangkingan. Ora sudi nggatekake karepotane warga sing kahanane kecingkrangan.

Anane wani tumindak mangkono jalaran rumangsa ora ana warga sing ora butuh dheweke. Rumangsa mung dheweke ijen sing bisa dadi lantaran tumrap karampungane urusan sing dibutuhake wargane.

Dheweke lali marang jejibahane minangka manungsa sing kudu peduli (maelu) marang sesama mahluk (sapadhaning titah). Sing dieling-eling mung wewenange minangka ketua RT.

Nalar kaya mangkono kuwi bisa nggodha kamanungsane wong sing ketitipan wewenang dadi ketua RT. Senajan mung dilakoni dening ketua RT, nyatane bisa mbebayani tumrap bebrayan. Apa maneh yen sing ketempelan nalar rusak kaya mangkono kuwi Lurah, Camat, Bupati, Gubernur, munggahe tekan Presiden?

Kuwi wae lagi para pejabat eksekutif. Hla yen jebulane warata, sing kena godha uga kalebu para pejabat legislatif lan yudikatif, banjur arep dadi apa kahanane?

Ora prelu dadak ngangen-angen dawa! Saiki wis kaya ngono kahanane. Anggota DPR wis akeh sing lena. Nganti ora krasa yen ketempelan watake kidang. Mangkono uga sing dialami dening para hakim lan para jaksa. Demam adigang saka virus kidang warata ngenani sapa-sapa.

Adigung watake gajah. Ngendelake gedhene awak. Ngedir-edirake kaluhurane. Sing ketaman godha ora mung wong-wong apangkat dhuwur. Senajan wong cilik, drajate mung tukang ngarit, yen lena, kurang panggrahitane marang kahanan, ora wurung bakal kena lelara sing diarani adigung iki.

Kaluhuran bisa malih wujud dadi apa-apa. Ora mung awujud drajat trah ratu, trah wali, utawa trah nabi. Ora mung awujud pangkat guru utawa pangkat menteri. Uga ora mung awujud semat wong sugih ngelmu utawa wong sugih dhuwit.

Ing jaman sing wis rusak, nalika umure jagad wis tuwa kaya dene saiki, wong njejaluk turut dalan kae wis klebu golonganing manungsa luhur. Jalaran ora nyolong lan ngrampog.

Tumindak becik ing jaman saiki kuwi wis ora maneh diarani kuwajibane manungsa. Tumindak becik kuwi, kanggone mung nalika manungsa kepengin dialem luhur.

Mengko yen wis kelakon entuk gelar (semat) luhur, banjur duwe wenang ngasorake wong liya sakarepe dhewe. Sing wis kelakon diakoni duwe pakarti becik banjur duwe wenang ngarani ala pakartine wong liya tanpa taha-taha.

Wong mlarat ora gableg apa-apa wae, jalaran sregep weweweh marang tanggane, banjur lali sejatine. Wani nuding wong liya kufur nikmat. Ya iki tuladhane wong sing kangslupan watake gajah: kena lara adigung.

Adiguna watake ula. Ngendelake mandining wisane. Ngedir-edirake kapinterane (ngelmune; kagunane; kaluwihane).

Saiki kaya-kaya ora ana wong sing luput saka panggodhane adiguna. Kaya-kaya wis ora ana wong sing ngaku bodho. Kabeh ngaku pinter.

Pancen akeh wong pinter. Jaman saiki kawruh bisa diundhakake saka endi-endi. Jagad wis bisa digegem dlamakan tangan sesisih. Owah-gingsire kahanan bisa digawe mung kanthi ngobahake pucuking driji.

Emane, wong sing pancen pinter tenan asring kena godha. Migunakake kapinterane kanggo nyilakani wong liya. Ewadene wong sing mung ngaku pinter, sing cacahe sapirang-pirang kuwi, banjur sembrana tumindak tanpa deduga. Ora waspada yen tumindake jebulane malah nyilakani awake dhewe.

Poma-poma, ayo bareng ngeling-eling. Aja nganti kelangan kawaspadan. Aja nganti gelem nuruti pangrimuke sesawangan. Aja nganti aku lan Panjenengan ketaman lara adigang, adigung, lan adiguna.

Muga-muga ing mbesuke, anak putu tansah ngudi amrih duwe kaprayitnaning batin. Ora sulap nyawang kahanan. Bisa dadi manungsa kang becik, luhur, lan migunani.Tanpa kelepetan melik supaya dialem, diugung, disuyudi, disembah-sembah, utawa diajrihi.

Tansah eling menawa urip ing donya ora selawase. Mung sadrema nglakoni pepesthening Gusti.

rampung.

Mbelinger Store Jl. Kebun Raya, No. 43, timur Gembira Loka Zoo Rejowinangun Kotagede Jogjakarta

 Sumangga pinarak mundhut kaos Bijak Jawa

Sugito Ha Es

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *


*