Aja Nganti Dadi Tuwa sing Tuwek

Aku dadi kelingan ujare dhalang, suwargi Ki Hadi Sugito, ngenani prekara sesebutan tuwa. Ujare, tuwa iku ana telung (3) werna. Siji, diarani tuwa-tuwi tinuwi-tuwi. Tegese, wong sing diajeni. Wong sing kinajenan iku bisa jalaran saka umure sing pancen tuwa tenan. Lan bisa uga satemene isih enom, nanging sinampiran drajad lan pangkat, antuk kapitayane masyarakat.

Kapindho, diarani tuwa tuwuh. Tegese, wong sing dituwakake jalaran saka lantiping pikir utawa duwe kapinteran lan kawicaksanan. Wong tuwa tuwuh iku uga ora kudu tuwa umure. Senajan wong enom yen pancen darbe kapinteran lan kawicaksanan sing migunani tumrape masyarakat, mesthine bakal diarani tuwa.

Sing pungkasan, diarani tuwa tuwek. Tegese, wong sing pancen umure ora enom maneh nanging ora bisa nglungguhi jejere dadi wong tuwa. Ora bisa kanggo panutan mungguhe tumindak becik tumrape anak-putu. Wong tuwa golongan iki uga kaprah diarani tuwa tuwas mung kari ampas.

Muga-muga wae ing sakiwa-tengene awake dhewe isih akeh wong tuwa tuwi. Kajen-keringan sebab pancen pantes diajeni dening sapa wae.

Muga-muga para wong enom kae klebu golongane wong tuwa tuwuh, lantip pikire, migunani tumrap bangsane.

Lan muga-muga ora ana wong tuwa sing mung tuwek, sing mung ngarep-ngarep metune cowek.

Mbelinger Store, Jl. Kebun Raya 43 Rejowinangun Kotagede Jogjakarta.  Sumangga pinarak mundhut kaos…

Sugito Ha Es

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *


*