CANDRARINI Wong Enom Negesi Tresna ing Bumi Jawa #1

gumarenggeng lir swaraning/ kombang-kombang ngingsep kembang/ ing madyaning tamansari/ asmara asmara/ asmara asmara asmara/ sewu priya sewu kenya sewu crita asmara//

Kapinujon dina minggu. Wancine isih esuk. Srengenge durung nyiratake cahya panase. Ambar ndhodhog lawang kamare Ningsih. Durung nganti mbaleni ndhodhog, Ambar wis dipapag esem manise Ningsih sawise mbukak lawang kamar alon, meh tanpa nyuwara.

Ambar mringis tanpa kumecap. Alise diunggahake. Kaya ana sasmita sing arep diweruhake marang Ningsih. Nanging Ningsih semune ora nggagas. Tanpa mbagekake mlebu marang Ambar, Ningsih alon-alon malik awak. Alon-alon uga dheweke mlaku. Ketara njujug kursi sing mung ana siji sangarepe meja komputer.

Ambar sing ora nampa ukara pambage, ora pati nggatekake patrape sing duwe kamar. Sawise Ningsih malik awak lan mlaku sejangkah, dheweke nekad wae ngunclug marani dipan papan peturon. Tanpa nganggo watara, dheweke banjur ambruk mengkureb ndhepani kasur.

Ambar lan Ningsih pancen nunggal omah kost ing Jogja. Prawan kekarone kuwi uga nunggal kampus papane kuliah. Malah uga nunggal jurusan. Padha-padha jurusan Bahasa Daerah (Jawa). Kekarone saangkatan lan sakelas. Bedane, si Ambar asli saka Blitar Jawa Timur. Dene Ningsih asale saka Sukoharjo Jawa Tengah. Kepetung wis rong taun jangkep, malah arep ganep rong taun setengah, urip dadi wong mbebara, merantau (nglampra) ngangsu ngelmu ing Ngayogyakarta kene.

“Mbak. Ora krasa ya, awake dhewe wis semester lima,” dumadakan Ambar mbukani rembug. Katon dheweke isih durung menyat saka sandhuwure kasur. Mung wae, saiki wis mlumah. Sirahe diganjel bantal.

“Sing kandha sapa?” Ningsih mangsuli lirih tanpa noleh.

“Hlo! Piye ta? Wis rong taun setengah hlo, awake dhewe kuliah, Mbak?” Saiki Ambar wis ngowahi selehe. Dheweke saiki wis katon lungguh sila. Mangku guling.

“Iya. Nanging sing kandha yen ora krasa kuwi sapa?” Wangsulane Ningsih isih lirih. Semeleh. Ora seru. Uga ora kesusu kaya carane ngomong Ambar.

“Hehehe…. Maksudku, wis suwe neng kene kok kaya ora ana bedane karo jaman SMA….”

“Tetep isih bodho, maksudmu?”

“Ora, Mbak.”

“Hla piye?” Saiki Ningsih ngingset lungguhe. Dheweke ngoberake madhep nyawang Ambar.

Ambar genti ngingset lungguhe. Dheweke maju tekan waton amben. Sikile digantung, dioncang-ancungake maju-mundur sakepenake. Sinambi tangane ngadegake guling banjur dikekeb kraket, dheweke mangsuli lirih, “Tetep wae ijen.”

“Salahmu kok dadi anak ontang-anting….”

“Dudu kuwi maksudku, Mbak.”

“Njur apa?”

Iki crita dawa. Sesuk ana bacutane alias bersambung. Aja nganti ketilapan nyemak sambungane ya…

Mbelinger Store Jl Kebun Raya, No. 43, timur Gembira Loka Zoo Rejowinangun Kotagede Jogjakarta

http://mbelinger.com/product-category/bijakjawa/

Sugito Ha Es

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *


*