Uleman Manten saka Alam Kana #1

Wayah dudu wayahe, keprungu ana swarane wong uluk salam ing ngarepan. Mesthi wae Bu Marsini kagol. Lagi wae rampung nutup lawang kamar arep mapan turu, kepeksa wurung. Awak sing wis njaluk diselehake kepeksa diajak menyat. Kamangka wiwit esuk mruput tekan jam wolu wengi iki mau dheweke ora kober metu saka klinik bersalin papane nyambut gawe saben dinane. Sedina muput nulungi wong telu sing nglairake bayi ing klinike, rasane keju-linu. Ya linu balunge, ya keju pikirane. Kudune saiki, nalika wis tekan omah, mung kari ngepenakake mapane awak.

Kok ya ana wong ndhayoh ora angon wayah, batine atine Bu Marsini grundelan. Sinambi mlaku menyang ruang tengah, dheweke ngoberake noleh jam tembok. Pandom jam nuduhake yen wis jam setengah sewelas. Upama wancine awan ngono mesthi pantes. Hla iki wanci wengi hlo. Gek sapa sing ana ing ngarepan kae? Lan arep duwe prelu apa? Nanging ya pancen ngene iki kanyatane urip bareng wong akeh. Saben wong duwe butuh dhewe-dhewe. Saben wong durung karuwan ngreti butuhe kancane, butuhe tanggane, butuhe sedulure. Malah kadhangkala ana sing nganti ora ngreti butuhe dhewe.

Ndilalahe, Pak Wignyo, garwane Bu Marsini, kok ya mbeneri ora lenggah ing dalem. Pak Wignyo lagi tindakan menyang Semarang ngajak anake sing ragil, Wawan, sowan tilik menyang daleme eyange kakung-putri. Pancen udakara patang dina kepungkur eyange Wawan cecala lumantar telepon menawa kangen kepengin weruh putune. Mula, gandheng saiki kapinujon mangsane liburan sekolah, Pak Wignyo nganthi anake sowan eyange, ngiras klenceran.

Ndilalahe meneh, pancen wis limang wulan seprene si Wulan, anake sing mbarep, durung nate mulih sawise ketampa nyambut gawe ing Surabaya. Dadi, pancen kepeneran, Bu Marsini lagi ijen ing omah. Upama ana garwane utawa anake, rak bisa wae dheweke nekad bablas mapan turu. Prekara ana tamu tengah wengi, wis ben dibukakake lawang Pak Wignyo utawa Wawan. Ah, kok ya ndilalah….

Tangan tengene Bu Marsini wis nyandhak handle lawang tengah. Bareng lawang ditarik menga, ing ngarep njaba ana pawongan lanang ngadeg semu mundhuk-mundhuk kaya-kaya nyaosi kurmat marang sing kagungan dalem.

“Kula nuwun, Bu,” ngono ature marang Bu Marsini, “Nyuwun pangapunten sampun njugar anggenipun sare.”

“Oh, boten dados menapa, Mas. Wong kula nggih dereng tilem kok. Dalu-dalu tindak mriki wonten wigatos menapa, Mas? Eh, Mas menapa Pak nggih?”

“Mas mawon, Bu. Kula tesih legan, dereng gadhah momongan.”

“Eh, hla kok malah rembugan neng ngarep lawang hlo…? Anu, sumangga pinarak mlebet, Mas.”

“Maturnuwun, Bu. Boten sah dadak mlebet. Kula kesesa enggal-enggalan nglajengaken lampah.”

“Hlo? Badhe tindak dhateng pundi malih?”

“Ngeteraken layang ulem.”

“O ngaten….?”

“Nggih. Nuwun sewu, menika uleman ingkang kagem Panjenengan.” Pawongan enom-enoman lanang sing ngaku isih bujang kuwi mau ngulungake salembar dluwang kandel marang Bu Marsini.

Bu Marsini age-age nampani dluwang kandel kuwi.

Durung nganti Bu Marsini kumecap nanggapi, pawongan lanang kuwi wis ngomong meneh, “Menika uleman saking kluwarganipun Lestari, Bu. Lestari badhe dipun-nikahaken benjing dinten senen wage, wanci dalu, antawis jam pitu. Panjenengan kasuwun rawuh mangestoni.”

“Lestari…?” Bu Marsini ketara ngeling-eling. Sajake durung ndungkap sapa Lestari sing diaturake tamu jare arep nikah kuwi.

“Lestari saking dhusun Kalibening kilen rika nika hlo, Bu,” ature tamu kaya wis ngreti apa sing dipikirake Bu Marsini.

Bu Marsini mung manthuk, nanging isih ketara durung genah sing endi bocahe sing jenenge Lestari. Mula dheweke banjur niyat arep miyak layang undangan nikah sing dicekel. Pamrihe, arep pengin weruh fotone calon penganten putri. Lumrahe, ing njero layang uleman jaman saiki pancen diwuwuhi fotone calon penganten sarimbit.

Gandheng lampu emperan ora pati padhang lan isih kaling-kalingan wewayangan awake tamu sing ngadeg keprenah ing ngarepe, mula Bu Marsini banjur ndhingkluk arep nungkul, ngilingi-ilingi layang uleman. Nalika tangane kiwa melu tumandang arep miyak dluwang, kedadak tamune sumela atur, “Cekap ngaten nggih, Bu. Kula pamit.”

Krungu tamune matur pamit, Bu Marsini wurung anggone mbukak layang uleman. Banjur bali ngunggahake janggute. Hladalah! Bareng mripate wis ngener ngarepan, durung nganti kumecap mangsuli pamitan, jebul tamune mau wis ora ana.

“Hlo?! Kok gelis banget lungane? Nganti ayang-ayange wae wis ora katon. Bocah piye ta kuwi? Kok waton ngglunus wae…?”

Bu Marsini gedheg-gedheg semu gumun marang patrape tamu sing nyalawadi kuwi mau. Agahan dheweke mlebu omah. Lawang ditutup lan dikunci. Dluwang uleman diuncalake waton ngener sandhuwure meja ruang tamu sinambi bablas mlaku njujug kamar.

disigeg tekan semene dhisik ya. critane dibacutake sesuk, aja nganti ketilapan crita iki tekan satamate… bersambung

Mbelinger Store Jl. Kebun Raya, No. 43, timur Gembira Loka Zoo Rejowinangun Kotagede Jogjakarta

http://mbelinger.com/product-category/bijakjawa/

Sugito Ha Es

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *


*